May 18, 2013

Jagad Nalika Surub


Gemubug suara angin tansah mawut-mawuti sepining kahanan ing jagad donya
Unine jangkrik uga melu ngrusuhi kahanan ingkang sepi iki
Sang Surya uga melu, turu ana ing ngisor sikile sang candra
Sang Candra uga wungu saka turune, ngadeg ana ing jejere lintang-lintang ing nduwur kana

Adzan wis keprungu saka masjid
Nandakake wektune ngadep Sang Maha Agung
Pitik jago ora keprungu meneh suarane
Genti kalong lan codhot sing padha rebut golek pangan
Lampu-lampu tansah diuripke karo sing nduwe
Kanggo nggenteni cahyaning surya sing wis angler turu

Adzan keprugu meneh
Ayo ndang cepet ndedonga marang Sang Maha Suci
Gemrubug suara angin tansah ngeterke mlakune manungsa ing donya
Unine jangkrik melu ngaturi salam kanggo manungsa ing donya
Kahanan iki aja nganti ilang
Kahanan iki bakal kelakon maneh
Gemrubug suara angin nalika surub
Iki kahanan donya nalika surub

0 komentar:

Post a Comment